Peran Ngulomo


Innamā yahsyallāha min ibādihil 'ulama (Anging pestine poro kawulane Allah ingkang ajreh dateng Allah puniko poro ngulomo).

Meniko setunggalipun ayat ingkang mertelaaken sinten utawi kados pundi ingkang dipun westani ulomo puniko. Saking ayat puniko kito saged mahami kanthi sederhana bileh ulomo puniko tiyang ingkang 'ajreh' dateng 'Allah'. Kejawi saking puniko, ngulomo kyambak secara bahasa dipun tasyqiq saking lafadz 'alama, fahuwa ālim.ulama' (jama'). Ringkesipun, bileh kito ningali saking asal usul bahasanipun, ngulomo nggih puniko tyang ingkang anggadahi ngelmu.

Pangertosan secara bahasa puniko nyambung kaliyan nopo ingkang dipun Allah dawuhaken wonten ayat ing nginggil puniko. Tiyang ingkang ajreh dateng Allah mesthi anggadahi ngelmu. Tyang ingkang mboten anggadahi ilmu mongko mboten saged ajreh dateng Allah. Lamuno tanpo ilmu tyang puniko saged ajreh, mongko kemungkinan ajrehipun taseh langkung ageng ketimbang tyang ingkang anggadahi ngelmu.

Saged ugi kito mangertosi bileh tyang ingkang anggadahi ilmu nanging perbuatanipun mboten sesuai kaliyan ilmunipun, mongko dipun jamin tyang puniko mboten gadahi raos ajreh dateng Allah. Wonten kondisi puniko, kito mboten saged nimbali meniko tyang sebagai ngulomo.

Ingkang dados masalah inggih puniko? Sejatose ilmu nopo ingkang kedah dipun gadahi tyang supados pikantuk predikat ngulomo? Jawaban saking puniko pitaken inggih tentu ngelmu ingkang ndadosaken tyang saged ajreh dateng Allah. Ngelmu agami.

Wonten setunggalipun dawuh sanes  nyanjangaken bileh ngulomo puniko warisipun poro nabi (al-'ulama warasat al-anbiyā') ingkang maknanipun gulomo puniko ingkang marisi ngelmunipun poro nabi. Ing jaman kapungkur, nabi mboten sekedar anggadahi ngelmu lajeng ajreh dateng Allah sarasan. Poro nabi riyen sak sanese gadah ilmu katah, kyambake poro nabi ugi anggadahi peran ingkang penting ten kaumipun.

Poro nabi puniko dados pemimpinipun kaum, dados pemersatu umat ingkang prenco-prenco, dados politisi, lsp. Poro wali riyen ugi mboten mligi namung ngajaraken ilmu agami dateng masyarakat. Kito kenal Raden Patah ingkang dados rojo, mbah Sunan Kalijogo ingkang dados dhalang, Sunan Bonang ingkang dados seniman, lsp. Pramilo sak puniko, yen ngulomo niku warisipun nabi, mongko sayogyanipun poro ngulomo ugi nyontho nopo ingkang dipun lampahi deneng poro nabi.inggih puniko anggadahi peran sanese peran ngulomo. Kados Gus Dur ingkang dados presiden, KH Sahal ingkang dados pengembang masyarakat, Cak Nun ingkang dados budayawan, Ki Enthus ingkang dados dhalang, KH Hasyim Muzadi ingkang dados cendekiawan, lan sanes-sanesipun. Poro ngulomo ingkang kawulo sebat kolo wau sanese nglampahi peran ngulomo ugi nglampahi peran-peran sanes. Meniko ugi ingkang dipun lampahi poro nabi.

Ngulomo niku gelar ingkang diparingaken masyarakat dateng tyang ingkang ngalim lan mulyo. Ulomo sanes gelar ingkang didamel deneng tyang niku kyambak. Pramilo sak meniko, berhubung gelar niku peparing mongko masyarakat sampun sami percados kengaliman tyang puniko, percados deneng meniko tyang saged ngadem-ngadem uripipun masyarakat. Gelar ngulomu puniko mirip amanah ingkang dipasrahaken dateng setunggalipun tyang. Pramilo sak meniko, sayogyonipun panci ngulomo kedah anggadahi peran ganda, amargi yen ngulomo niku pengayem masyarakat, mongko problem utawi masalah ingkang di adepi masyarakat niku katah sanget, mboten mligi ukoro agami sarasan. Bukane masyarakat saget ayem yen uriipun mboten anggadahi masalah-masalah?

Ngulomo meniko jabatan strategis kagem ndamel perubahan masyarakat. Sampun dados tradisi bileh masyarakat anggadahi kepercayaan ageng dateng ngulomo. Buktinipun, sedanten nopo permasalahan ingkang dipun raoske masyarakat mesti di-konsultasi-aken dateng ngulomo. Milai saking masalah rumah tangga, hukum fiqih, ndidik anak, gancaripun ekonomi, narkoba, alkohol, lsp. Almarhum Gus Dur nate dipun tangleti tyang pas ngayokyokarto kena gempa: "Gus, kenapa Jogja bisa gempa?" 

Mendet meniko kejadian, kitho saged nyimpulaken bileh ngulomo panci dados rujukan utami masyarakat meskipun kito sami mangertos bileh Gus Dur mboten tyang ingkang ahli geografi utawi merdamel teng BMKG. Pramilo, ngulomo puniko panci kedahipun siap anggadahi peran ganda.

Peran ganda ngulomo sesanesipun ndamel perubahan ing masyarakat kanti cepet -amargi pengaruh ngulomo ingkang signifikan dateng masyarakat-, peran ganda ngulomo ugi saged ndamel masyarakat ngeparek malih deneng agami.

Setunggalipun sebab masyarakat sami ngadoh deneng agami inggih puniko, masyarakat sakniki ingkang anggadahi problem kathah, bahkan problem puniko sanesipun problem agami, mboten nemuaken solusi naliko dateng ten agami (ahli agami: ngulomo). Padahal agami kyambak dateng kangge paring rohmat dateng manungso kabeh. Tegese agami puniko universal mboten mligi setunggal urusan sarasan ingkang wonteng ing dhalemipun agami.

Persoalan sak lajengipung, opoto saget ngulomo gadah peran ganda? Kanthi ngelmu ingkang dipun gadahi? Utawi sebatas pundi poro ngulomo sadar deneng peran ganda puniko?

Kanthi ngelmu ingkang benten-benten ingkang dipun gadahi ngulomo, mongko kitho mboten "etis" yen mekso ngulomo memainken peran ganda. Kitho namung saget berharap bileh ngulomo sami sadar yen peran gandanipun ten masyarakat puniko wigati sanget lan dipun entosi sanget deneng masyarakat.

Kanthi kesadaran puniko, ngulomo sak mangke saget ngawiti/memperkasai/mengorganisir utawi saged ngadvokasi permasalahan ingkang dialami masyarakat. Ngulomo saged nyaluraken masyarakat ten poro ahli permasalahan. Modalipun ngulomo inggih puniko kepercayaan, kaprawiran, pengaruh deneng masyarakat ingkang mboten dipun gadahi sanesipun ngulomo.

Mugi-mugi ngulomo kitho pinaringan umur ingkang kathah, tetep dados pengayome masyarakat, dipuncaketi deneng masyarakat, nglayani masyarakat. Amin

Wa Allah A'lam...

0 Response to "Peran Ngulomo"

Post a Comment