Musyawaroh utawo rembugan inggih punika salah satunggalipun
totocoro ingkang becik dipun gunaake nyelesaiaken masalah. Nagari kitho
kyambak ingkang menganut faham demokrasi puniko ugi ngutamaaken
rembugan punika. Amargi ruhipun demokrasi piyambak nggih meniko panci
musyawaroh. Demokrasi tanpo musyawaroh puniko namung goroh ingkang
mligi. Mbok bileh kito puron nelithi-nelithi dateng ajaranipun agami
Islam, mongko kito saged angsal tinemu bileh Islam ugi agami ingkang
ngurmati rembugan. Sak ryen, junjungan kito kanjeng Nabi Muhammad SAW
punika tyang ingkang demokratis milai saking Piagam Medinah, nantoake
dairoh ingkang ajeng dipun damel Mesjid Nabawi, hinggo puniko ceriosipun
sengketa antaranipun kaum Qurais ingkang rebutan rikatan nyelehake
Hajar Aswat. Kanjeng Nabi nyelesaiake sedanten puniko kanthi coro
rembugan.
إِذَا اسْتَشَارَ أَحَدُكُمْ أَخَاهُ فَلْيُسر عَلَيْهِ (رواه ابن ماجه)
Nalikane njaluk musyawaroh (urun rembuk) sopo salah siji dulurmu, mongko becik gampangke sopo siro ing atase dulur siro. ((HR. Ibnu Majah)
Mongko saking punika, dumateng poro sederek ingkang
minulyo, monggo kito ngutamaaken rembugan. Tyang ingkang anti deneng
rembugan wonten perkoro nopo kemawon bakal ciloko ing sak lebetipun
gesangipun. Kanti mboten enten rembugan mongko saben-saben tyang namung
saged nyono-tinyono dumateng perkoro ingkang wonten, akhiripun saged
nimbulaken poropadu, tukaran, lan sak panunggalipun. Gusti Allah kyambak
dawuh "becik ngekero sira marang katah-katahing pinyono, amargi setengah
saking ulihe pinyonomu punika ngandut duso" mundut meniko dawuh, mangka
rembugan panci perkoro ingkang wigathi. Perkawis ingkang ndadeake kito
ngeduhi prenco-prenconipun marang tyang sanes.
Tujuan ingkang utami saking rembugan puniko inggih meniko
munfakat atawen sepemahaman. Pancasila ingkang dipun rumusake poro
ulama' ugi ngelebetake musyawaroh dateng sila ingkang ongko sekawan.
"Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam
permusyawaratan perwakilan". Pramilo rembugan puniko sampun dados adat
ugi karakteripun ibu pertiwi Indonesia. Tugas kawulo soho panjenengan
inggih punika kantun nguri-nguri budaya ingkang sae puniko kanti turun
pinurun, syukur-syukur dipun tiru lestari lan langgeng dateng poro cucu
kito hatta yaumul qiyamah.
Mboten wonten perkawis ingkang mbotem saged dipun
musyawarohaken. Perkawis ekonomi, perkawis politik, bahkan dumugi
perkawis agami ugi saged kito musyawarahaken. Nopo puniko perkawis
ingkang mboten saged dipun musyawarahaken? Mongko perkawis ingkang ruwet
koyoto perkawis roso asmara ugi saged dipun musyawarohaken. Salah
setunggalipun cerios, MH Ainun Nadjib, priantun Jawa Timur ryen ugi
musyawaroh kalian garwa pertamanipun semongso ajeng pegatan. Alhasil Cak
Nun sak garwanipun tindak ten pengadilan sareng-sareng lan akhire
pegatan kanthi tentrem damai sentosa. Sedanten amargi Cak Nun purun
musyawaroh dumateng garwanipun.
Perkawis ingkang kedah dipun cepeng sakjronipun musyawarah
inggih punika niat. Monggo niati musyawaroh kanti niat ingkang sae, niat
kagem nemuake punopo meniko ingkang dipun westoni Solusi. Sanesipun
perkawis ingkang kedah wonten ing sakjronipun musyawarah inggih punika
roso kasih dumateng tyang sanes. Ampun kito musyawaroh kanti emosi,
musyawaroh kanti geting gumeting. Musyawaroh kanti emosi puniko
andadosake musyawarah kagem perdebatan sanes musyawaroh kagem
sepemahaman.
Sifat sepemahaman, sifat munfakot saking musyawaroh puniko
sifatipun mboten mengikat. Artosipun kito saged-saged kemawon mboten
nandangi punopo ingkang sanpun dipun khasilaken saking musyawaroh
selagine niku mboten ngerugiaken tyang sanes.
Monggo kitho sami musyawaroh. Amargi nopo ingkang kito
anggep leres dereng tumentu ugi dipun anggep leres dumateng tyang sanes.
Kanti musyawaroh kito saged nemuaken titik temu. Amergi manungso
lahanipun luput. Senajan ugi menungso anggadahi kaleresan. Kaleresan
ingkang mak klumpuk kanti musyawaroh mongko bade dados kaleresan ingkang
katah, kaleresan ingkang Sya'iah, kaleresan ingkang Kaffah, kaleresan
ingkang Syumul, ugi kaleresan ingkang barokah.
Mugi kito dipun paringi kesadaran dumateng pangeran kagem
ngadepi sedanten perkawis ingkang teko anyar ing ndunyo kanti
musyawaroh. Amin.
0 Response to "Meniko Babagan Musyawaroh"
Post a Comment